Njaga Tentreming Urip Bebrayan Tembung novel asale saka basa italia novella kang tegese sawijine crita utawa pawarta sapala/sacuwil. Dadi, novel iku sawijine crita rekan (fiksi) kang rada landhung. Menawa dibandhingke karo crito cekak, novel iki luwih dawa lan luwih genep isine. A. Maca lan nanggapi isine teks crita cekak lan niteni perangan-perangane Kaya crita rekan liyane, crita ing novel iku sumbere bisa kanyatan trus dibumoboni, bisa uga murni saka kayalan utawa rekane pangripta/pengarange wae. Sanajan mangkono, perang-perangan kan wutuhe novel biasane padha. Perang-perangan kang mbangun wutuhe crita iku diarani unsur intrinsik kang nyakup underane prekara (tema), paraga (tokoh) lan watake paraga (penokohan), lakune crita (alur/plot) kepiye pangripta anggone nyritakake (point of view), kapan lan papan kedadeane crita kasebut (setting) lan wulangan utawa tuntunan kang ditujokake marang pamaca (amanat). ...
Postingan
Menampilkan postingan dari 2020
- Dapatkan link
- X
- Aplikasi Lainnya
Ngawekani Akehe Informasi Ing jaman kemajuan wong mbutuhake informasi kang awujud pawarta utawa liyane kalebu iklan. Awit saka akehe iklan wong nganti bingung dhewe arep milih sing endi. Ana jinis iklan kang becik lan kurang becik. Tegese iklan kang kayane ngentheng-ngethengake sanggan ananging nyatane suwalike malah nekek gulu. Ing jaman kang sarwan modern iki iklan bisa ditemoni ing sadhengah papan panggonan. Ora mung mligi ing spanduk, koran ananging radio, tv, internet uga wis akeh kagunakake kanggo masang iklan. Salah sijine titikane iklan kang becik iku bisa dideleng saka basane. Basa iklan kang becik iku basa kang gampang dingerteni dening pamaos utawa pamirsa. Mula ora mokal ing jawa iki uga akeh tinemu iklan kang migunakake basa jawa. Ancase ora liya supaya wong kang gampang dimangerteni iklan iku uga kudu cekak aos cetha lan menthes. Ora ngambra-ambra mundhak marake bingung sing utawa sing krungu. Mula pamilihing basa iku ...
- Dapatkan link
- X
- Aplikasi Lainnya
Budaya Wewaler Wewaler padha karo gugon tuhon. Gugon tuhon saka tembung gugu (pracaya marang kandhaning liyan) lan tuhu (nyata, temen). Gugon tuhon yaiku ngandel marang prakara sing dianggep duwe kadayan ngungkuli kodrat, mangka sanyatane ora. Gugon tuhon ing madyaning masarakat jawa diarani pepali utawa larangan. Gugon kalebu kaprecayan tansah duwe rasa sumelang menawa ora bisa nyembadani prekara sing dianggep mbebayani iku. Gugon tuhon 1. Gugon tuhon salugu yaiku bocah utawa wong sing dadi mangsane Bathara kala miturut dongeng yaiku bocah sukerta. Miturut kepercayaan, kanggo ngusadhani supaya ora dimangsa Bathara kala, kudu ditanggapake wayang kanthi lakon Amurwakala. 2. Gugon tuhon wasita sinandi yaiku kalebu pitutur sing ora kalairake kanthi melok. Akeh nggunakake tembung boten ilok utawa ora ilok sing sejstine ngemu teges ora becik. 3. Gugon tuhon kalebu wewaler yaiku wewaler saka leluhur utawa wong sing dadi cikal ...
- Dapatkan link
- X
- Aplikasi Lainnya
ALAM SAWEGUNG Geguritan iku puisi jawa gagrag anyar kang ora kaiket, dening paugeran tinamtu. Cacahe larik, cacahe wanda, cacahe pada, tembung-tembung kang dipilih, lan surasane kabeh merdika utawa bebas. Gumantung net atine kang nggurit. Ana kang nganggo lelewane basa(gaya bahasa) tinamtu, uga ana kang biasa-biasa wae. A. Maca lan nanggapi isine teks geguritan sarta niteni perang-perangane Supaya bisa nemokake isine geguritan bisa dilakoni kanthi cara ing ngisor iki. a. Maca kanthi premati, yen prelu dibolan-baleni b. Nggatekake ubungane larik siji lan sijine, banjur menehi tandha ngaso (/) utawa sigeng (//). c. Golekno tegese tembung-tembung kang angel utawa aneh. Bisa tegese lugu, entar l, utawa lambang. d. Golekna pesen utawa amanat kang dikarepke dening panggurite. e. Tambahana tembing utawa wanda saengga ukarane bisa cetha lan bisa ditemoka...
- Dapatkan link
- X
- Aplikasi Lainnya
KATRESNAN KANG SEJATI A. Crita rakyat Crita rakyat yaiku crita kang dicritakake kanthi turun-temurun utawa kang uwis dadi tradhisi ing masyarakat. Crita rakyat kasebut kacritakake ing maneka werna kahanan, ana ing sajroning kumpulan, utawa pinangka pendhidhikan budi pekerti, amarga budi pekerti luhur tumrap bocah-bocah. Crita rakyat duwe unsur-unsur pembangunan, kayata tema, tokoh utawa penokohan, latar (setting), alur (plot), sudut pandhang,lan amanat. Tema yaiku pokok permasalahan ing sajroning crita. Saben crito rakyat duwe tema kang gumathok supaya gampang diwaca. Latar(setting) yaiku papan panggonan, wektu, lan suwasana kadadeyan ing sajroning crita. Penokohan yaiku paraga kang nduweni watak in sajroning crita. Alur yaiku urut-urutane prastawa ing crita. Crita rakyat ngemu piwulang utawa nila...