Ngawekani Akehe Informasi

      Ing jaman kemajuan wong mbutuhake informasi kang awujud pawarta utawa liyane kalebu iklan. Awit saka akehe iklan wong nganti bingung dhewe arep milih sing endi. Ana jinis iklan kang becik lan kurang becik. Tegese iklan kang kayane ngentheng-ngethengake sanggan ananging nyatane suwalike malah nekek gulu. 
      Ing jaman kang sarwan modern iki iklan bisa ditemoni ing sadhengah papan panggonan. Ora mung mligi ing spanduk, koran ananging radio, tv, internet uga wis akeh kagunakake kanggo masang iklan. Salah sijine titikane iklan kang becik iku bisa dideleng saka basane. Basa iklan kang becik iku basa kang gampang dingerteni dening pamaos utawa pamirsa. Mula ora mokal ing jawa iki uga akeh tinemu iklan kang migunakake basa jawa. Ancase ora liya supaya wong kang gampang dimangerteni iklan iku uga kudu cekak aos cetha lan menthes. Ora ngambra-ambra mundhak marake bingung sing utawa sing krungu. Mula pamilihing basa iku bisa awujud slogan kang gampang dieling-eling dening bebrayan.  

 A.  Ngrembug teks iklan.
        Iklan iku mujudake kabar utawa pesen kanggi njurung utawa mbujuk marang bebrayan supaya tuku utawa nggunakake kang ditawakake. Lumantar medhiane iklan iku bisa kagolong dadi loro yaiku iklan lisan lan iklan tulis. Iklan tulis bisa awujud pamflet, poster, baliho bisa uga kacithak ing ariwarti utawa kalawarti. Dene iklan lisan padatan kagiyarake lumantar medhia elektronik kayate TV lan radio.
  • Titikane iklan kang becik yaiku jujur, obyektif, cethak, ringkes, tembunge prasaja, gampang dimangerteni, narik kawigaten, sopan, lan logis.  Dene unsur-unsure iklan ing antarane yaiku:
  1. Jeneng barang utawa jasa kang ditawakake, 
  2. Pihak utawa pawongan kang masang, 
  3. Alamate sing masang,
  4. Kahanan sarta manfaat barang utawa jasa kang ditawakake.

  •  Basa teks iklan iku beda karo basa teks-teks liyane. Titikane basa iklan yaiku:
  1. Migunakake slogan,
  2. Ukurane persuasi utawa mbujuk wong liya,
  3. Migunakake subjek wong kapisan. 
B.  Nulis teks iklan
       Iklan dibutuhake supaya wong liya ngerti barang sing ditawakake. Carane nggawe iklan sing apik kudu nggatekake babagan ing ngisor iki:
  1. Sing dituju kudu cetha,
  2. Sing ngirim kudu cetha,
  3. Barang utawa jasa sing ditawake kudu cetha,
  4. Narik kawigaten sing maca,
  5. Nuwuhake rasa pengin tuku sama sing maca,
  6. Nuwuhake rasa pengin nduweni barang sing ditawakake, 
  7. Bisa nggawe sing maca tuku barang sing ditawakake
  8. Nggunakake slogan utawa sesanti kang gampang ditampa lan dieling-eling.
C.  Carane nulis iklan 
  1. Temokna ancase iklan (nawakake barang utawa jasa).
  2. Gawe cengkorongan kang dumadi saka unsur-unsure pawarta (jeneng barang utawa jasa sing gawe iklan, alamat, kahanan utawa manfaat). 
  3. Ngerembakake cengkrongan dadi iklan kang wutuh, nganggo basa kang prasaja, cekak, mentes, cetha, sopan uga narik kawigaten. 
D.  Nyuguhake teks iklan
       Maca teks iklan tegese menehake informasi marang wong liya. Supaya isine bisa ditampa kanthi wutuh dening pamireng, becike nggatekake babagan ing ngisor iki:
  1. Paham isine iklan. Kalebu basa, uga pangucape tembung kang rinakit ing teks iklan.
  2. Swara sarta pangucaping tembung kudu cetha lan trep.
  3. Menawa awujud pacelathon kudu njumbuhake karakter paraga kang digambarake. 
Sumber: Gegaran Nyinau Basa Jawa Kelas xi SMA/SMK/MA

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini