KATRESNAN KANG SEJATI
A. Crita rakyat
Crita rakyat yaiku crita kang
dicritakake kanthi turun-temurun utawa kang uwis dadi tradhisi ing masyarakat.
Crita rakyat kasebut kacritakake ing maneka werna kahanan, ana ing sajroning
kumpulan, utawa pinangka pendhidhikan budi pekerti, amarga budi pekerti luhur
tumrap bocah-bocah. Crita rakyat duwe unsur-unsur pembangunan, kayata tema,
tokoh utawa penokohan, latar (setting), alur (plot), sudut pandhang,lan
amanat.
Tema yaiku pokok permasalahan
ing sajroning crita. Saben crito rakyat duwe tema kang gumathok supaya gampang
diwaca. Latar(setting) yaiku papan panggonan, wektu, lan suwasana kadadeyan ing
sajroning crita. Penokohan yaiku paraga kang nduweni watak in sajroning crita.
Alur yaiku urut-urutane prastawa ing crita.
Crita rakyat ngemu piwulang utawa
nilai-nilai, anatarane yaiku nilai-nilai budaya kang nduweni gegayuhan karo
pemikiran, kabisan, lan karya cipta manungsa, nilai-nilai sosial kang nduweni
gegayutan karo tata laku anataraning manungsa nduweni sapadha, lan nilai-nilai
moral kang nduweni gegeyutan karo tumindak apik lan elek kang dadi dhasare
kauripane manungsa lan masyarakate.
1. Titikane Crita Rakyat
- Panyebaran
kanthi lesan
- Duweni
sipat tradhisional
- Sugih
cakrik lan variasi
- Jeneng
pangriptane ora konangan (anonim yaiku crita mau ora kaweruhan sapa sing
nganggit)
- Wangune
tiron (klise) ana ing susunan utawa cara pangungkapane.
2. Wujude Crita Rakyat
Miturut William R. Bascom telung golongan yaiku mitos, legendha, lan dongeng
A. Mitos
Mitos yaiku mitos yaiku crita kang
dianggep bener-bener kedadeyan. Kedadeyan ing alam dharatan, segara utawa
langit, tuladha crita nyi rara kdul, nyi lanjar, lan sapanunggale
B. Legendha
Legendha yaiku crita kang dianggap
bener-bener kedadeyan, biyasane crita ana petilasan arupa watu, gunung
kali, lan sapanunggale. tuladhane crita Baru Klinting, Kawah Sikidang, Sumur
Jalantundha, Rara Jonggrang, lan sapanunggale.
c. Dongeng
Dongeng yaiku crita kang ngayawara
lan ora bisa dipercaya. tuladhane Kancil Nyolong Timun, Keong Mas, Lutung
Kasarung lan sapanunggale.
B. Sinopsis
Sinopsis yaiku ringkesan crita saka
alur kang dawa dadi cekak nanging bisa njlentrehake crita sakabehe. Nalika
bakal nulis sinopsis, bab-bab kang kudu digatekake yaiku:
1. Tema : gagasan pokok, pokok crita
2. Latar : papan lan wektu dumadine prastawa
3. Alur : lakuning crita
4. Penokohan : paraga crita
1. Tema : gagasan pokok, pokok crita
2. Latar : papan lan wektu dumadine prastawa
3. Alur : lakuning crita
4. Penokohan : paraga crita
Saka katrangan kasebut banjur bisa
digawe sinopsis.
Sumber: Gegaran Nyinau Basa Jawa kelas XI SMA/SMK/MA
👍
BalasHapusMakasihh kak
BalasHapus👍👍👍
BalasHapuspokoe jos gandoss
BalasHapuswahhh apikk banget, blog nuansa jawa
BalasHapusWuihh..mantep blognya👍👍
BalasHapusSangat bermanfaat 👍
BalasHapusMantab
BalasHapusSangat bermanfaat
BalasHapus👍👍
BalasHapus����
BalasHapusWow
BalasHapusBaguss
BalasHapusSangat membantu dalam menambah pengetahuan👍
BalasHapusKeren gaess
BalasHapus