KATRESNAN KANG SEJATI 


A. Crita rakyat 

             Crita rakyat yaiku crita kang dicritakake kanthi turun-temurun utawa kang uwis dadi tradhisi ing masyarakat. Crita rakyat kasebut kacritakake ing maneka werna kahanan, ana ing sajroning kumpulan, utawa pinangka pendhidhikan budi pekerti, amarga budi pekerti luhur tumrap bocah-bocah. Crita rakyat duwe unsur-unsur pembangunan, kayata tema, tokoh utawa penokohan, latar (setting), alur (plot), sudut pandhang,lan amanat. 

               Tema yaiku pokok permasalahan ing sajroning crita. Saben crito rakyat duwe tema kang gumathok supaya gampang diwaca. Latar(setting) yaiku papan panggonan, wektu, lan suwasana kadadeyan ing sajroning crita. Penokohan yaiku paraga kang nduweni watak in sajroning crita. Alur yaiku urut-urutane prastawa ing crita.

              Crita rakyat ngemu piwulang utawa nilai-nilai, anatarane yaiku nilai-nilai budaya kang nduweni gegayuhan karo pemikiran, kabisan, lan karya cipta manungsa, nilai-nilai sosial kang nduweni gegayutan karo tata laku anataraning manungsa nduweni sapadha, lan nilai-nilai moral kang nduweni gegeyutan karo tumindak apik lan elek kang dadi dhasare kauripane manungsa lan masyarakate. 

      1.  Titikane Crita Rakyat 
  • Panyebaran kanthi lesan 
  • Duweni sipat tradhisional 
  • Sugih cakrik lan variasi 
  • Jeneng pangriptane ora konangan (anonim yaiku crita mau ora kaweruhan sapa sing nganggit)
  • Wangune tiron (klise) ana ing susunan utawa cara pangungkapane. 

2. Wujude Crita Rakyat Miturut William R. Bascom telung golongan yaiku mitos, legendha, lan dongeng

A.  Mitos

Mitos yaiku mitos yaiku crita kang dianggep bener-bener kedadeyan. Kedadeyan ing alam dharatan, segara utawa langit, tuladha crita nyi rara kdul, nyi lanjar, lan sapanunggale

B. Legendha

Legendha yaiku crita kang dianggap bener-bener kedadeyan, biyasane crita ana petilasan arupa watu, gunung kali, lan sapanunggale. tuladhane crita Baru Klinting, Kawah Sikidang, Sumur Jalantundha, Rara Jonggrang, lan sapanunggale.

c. Dongeng

Dongeng yaiku crita kang ngayawara lan ora bisa dipercaya. tuladhane Kancil Nyolong  Timun, Keong Mas, Lutung Kasarung lan sapanunggale.

B. Sinopsis

Sinopsis yaiku ringkesan crita saka alur kang dawa dadi cekak nanging bisa njlentrehake crita sakabehe. Nalika bakal nulis sinopsis, bab-bab kang kudu digatekake yaiku:

1.      Tema          : gagasan pokok, pokok crita

2.      Latar          : papan lan wektu dumadine prastawa
3.      Alur            : lakuning crita
4.      Penokohan  : paraga crita

Saka katrangan kasebut banjur bisa digawe sinopsis.

Sumber: Gegaran Nyinau Basa Jawa kelas XI SMA/SMK/MA

















Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini