ALAM SAWEGUNG
Geguritan iku puisi jawa gagrag anyar kang ora kaiket, dening paugeran tinamtu. Cacahe larik, cacahe wanda, cacahe pada, tembung-tembung kang dipilih, lan surasane kabeh merdika utawa bebas. Gumantung net atine kang nggurit. Ana kang nganggo lelewane basa(gaya bahasa) tinamtu, uga ana kang biasa-biasa wae.
A. Maca lan nanggapi isine teks geguritan sarta niteni perang-perangane
Supaya bisa nemokake isine geguritan bisa dilakoni kanthi cara ing ngisor iki.
a. Maca kanthi premati, yen prelu dibolan-baleni
b. Nggatekake ubungane larik siji lan sijine, banjur menehi tandha ngaso (/) utawa sigeng (//).
c. Golekno tegese tembung-tembung kang angel utawa aneh. Bisa tegese lugu, entar l, utawa lambang.
d. Golekna pesen utawa amanat kang dikarepke dening panggurite.
e. Tambahana tembing utawa wanda saengga ukarane bisa cetha lan bisa ditemokake karepe.
Apa Bedane
dening Sudi Yatmono
Apa bedane prosa karo puisi
bedane ana ati
Apa bedane ati karo gori
bedane myung prakara bumbune
bedane apa bumbune karo sing dibumboni
bedane rak mung ana ing wadhah
Apa bedane wadhah karo sing diwadahi
kuwi rak mung akal pokal gaweane manungsa
lha aa bedane manungsa karo kewan
ah iku urusane pangeran
(Mbangun Tuwuh, angka 138)
B. Nulis geguritan nggunakake ragam basa kang jumbuh utawa cocog karo konteks lan pranatab utawa aturan.
a. Ora kaiket dening aturan utawa pranathan guru gatra, guru wilangan,guru lagu, lan sapanunggale
b. Ngutamakake isi kang mentes, apik, endah, lan becik
c Bisa nggunakake lelewane basa (purwanthi, baliswara, saroja, entar lan sapanunggale).
d Isine bisa pitutur, piweling, kritik, protes, nyindir, nggresah, pamundhut lan sapanunggale
Sumber: gegaran nyinau buku basa jawa 3 kelas XII SMA/SMK/MA
π
BalasHapusππ
BalasHapuswihhh mantap, bagus bangett :))
BalasHapusSangat bermanfaat π
BalasHapusπππππππππππ
BalasHapusπππ
BalasHapusMantap betul dek
BalasHapusAlhamdulilah mantap , semoga bermanfaat.....
BalasHapus17 Januari 2020
by: Kendal Panas.
Joss
BalasHapusMantabb
BalasHapusSangat mudah dipahamiπ
BalasHapus